Pada saat Pahargyan Temanten selalu ada pidato penyerahan mempelai pria. Pidato ini disebut Atur Pasrah Penganten Kakung.
Umumnya sebelum diijabkan atau sebelum Panggih mempelai pria diserahkan
kepada pihak keluarga mempelai putri untuk dilangsungkannya upacara.
Tetapi di daerah saya adatnya lain. Penyerahan itu dilakukan setelah
ijab, setelah panggih, jadi bukan diserahkan untuk diupacarakan,
melainkan diserahkan untuk menjadi anggota keluarga yang baru. Mungkin
dulu-dulunya pidato pasrah ini merupakan gabungan Atur Pasrah Penganten Kakung dengan Tanggap Wacana Kulawarga Besan, karena itu lebih panjang dari Atur Pasrah Penganten Kakung yang ada di daerah lain. Berikut adalah contohnya.
Assalamu'alaikum wr.wb.
( ayat )
Panjenenganipun
ingkang dhahat kinabekten, para pepundhen, para pinisepuh, saha para
sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng darmaning kautamen. Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom ..................................... ingkang tuhu kinurmatan.
Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, para Ustadz
Ustadzah ingkang rinten pantaraning ratri tansah sumandhing pustaka suci
minangka panuntun keblating panembah ingkang hambeg pepoyaning
kautaman. Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja
minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu
pantes tinulad lan tinuladha. Sanggya para rawuh, para lenggah kakung
miwah putri, sumrambah para kadang wredha mudha, ingkang tansah winengku
ing suka rahayu. Mirungganipun, panjenenganipun Bp/Ibu ............(pemangku gati)............ gotrah kulawarga, saha sanggyaning bebrayan agung ing ..................(kampung).............. ngriki ingkang luhur ing budi. Wilujeng siang/dalu, sugeng pepanggihan, lan sugeng lelenggahan.
Langkung
rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsa dalem Allah SWT,
karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken
dhumateng panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten ing menika wekdal
kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan kanthi
pinaringan karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila
saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.' Shalawat
lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung
ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan nenggih Sang Nabi
Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun
wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.
Kula pun
............................. ingkang piniji minangka sulih wicara
panjenenganipun Bp/Ibu .................................. nuwun inggih
tiyang sepuhipun putra temanten kakung ingkang pidalem ing
............................................., keparenga matur dhumateng
panjenenganipun Bp/Ibu ......(pemangku gati)........... dalah gotrah kulawarga,
Ingkang sepisan, kula sarombongan saking ......................................... sowan dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu ......(pemangku gati)........... sagung kulawarga, kanthi niat silaturrahmi.
Kaping
kalihipun, ngaturaken salam taklimipun Bp/Ibu
..................................... gotrah kulawarga, katur dhumateng
panjenenganipun Bp/Ibu ......(pemangku gati)........... sagung kulawarga dalasan bebrayan agung ing ........(kampung).......... ngriki, saha sanggyaning para rawuh para pilenggah, kula ikroraken kanthi atur “assalamu'alaikum wr.wb.”
Kaping tiganipun, Bp/Ibu ................................. sakulawarga ngaturaken ndherek suka bingah, dene panjenenganipun Bp ......(pemangku gati)...........
sampun saged ngleksanani darmaning asepuh, hanenggih malakrameaken
ingkang putra kanthi pinaringan berkah pangestu lan langkung-langkung
sineksen dening para pinisepuh. Kepara malah sampun nampi kula
sarombongan kanthi pakurmatan ingkang ngremenaken, pramila saking menika
kula sarombongan ngaturaken agunging panuwun.
Panjenenganipun Bp/Ibu ......(pemangku gati)...........
dalasan kulawarga ingkang minulyeng budi, Bp/Ibu
............................ gotrah kulawarga, lumantar kula ngaturaken
agunging panuwun, awit putra temanten sampun kaijabaken lan sampun sah
anut satataning agami lan negari, menapadene kadhaupaken anut satataning
adat ingkang lumampah ing ngriki, kepara kanthi sineksenan lan
pinaringan berkah pangestu para pinisepuh lan sesepuh, pramila saking
menika, putra temanten kakung, nuwun inggih .........(penganten kakung)........., kula pasrahaken dhumateng Bp/Ibu ......(pemangku gati)...........
dalasan kulawarga, kinanthenan pangajab, mugi lare menika karengkuha
kadidene putra pribadhi, kagulawenthah saha pamardi, sahengga sageda
netepi jejering priya ingkang tanggel jawab dhumateng garwa lan bale
wisma, saha bekti dhateng sesami, lan tansah atul manembah mring Gusti.
Ugi
mboten kesupen, panjenenganipun Bp/Ibu
................................... gotrah kulawarga, amasrahaken putra
temanten wonten kukubaning bebrayan agung ing ngriki, mugi tinampia
dados warganing bebrayan ingkang pikantuk pengayoman saha pambiyantu sak
murwatipun.
Kejawi saking menika, inggih awit
saking kiranging seserepan putra temanten ing samukawis, keparenga ugi
paring pitedah-pitedah, ingkang tundhonipun saged migunani anggenipun
sami nindakaken darmaning agesang ing bebrayan agung, jer menika lare,
lare ndhusun ingkang taksih bodho, cubluk lan mbalilu, mila katambahana
menawi kirang, lan kaemutna menawi supe lan lepat, sahengga tundhonipun
saged dados kulawarga ingkang sae, ingkang sakinah, mawaddah, warohmah,
ingkang mugi tansah pikantuk berkah, lan pinaringan momongan ingkang
soleh solihah. Allahumma amin.
Para rawuh para
pilenggah ingkang mahambeg ing tresna lan asih, kados kirang wicaksana
bilih kalantur-lantur anggen kula matur, labet kados taksih kathah
reroncening adicara ing titi kalenggahan menika. Dene saparipurnaning
adicara ing mangke, kula sarombongan keparenga badhe nyuwun pamit lan
nyuwun tambahing pangestu, mugi tansah pinaringan kawilujengan,
nir-baya, nir-wikara, nir-ing-sambekala.
Mboten
katalompen, kula ingkang tinanggenah minangka talanging atur, menapadene
para kadang sarombongan, mbokbilih anggenipun matur saha sowan mboten
andadosaken pirenaning penggalih keparenga diagung ing pangaksami.
Akhirul kalam, Billahittaufiq walhidayah. Wassalamu'alaikum wr.wb.
sampaikanlah walau satu ayat..!!!!