Pada saat pengantin akan diPANGGIHkan terlebih dahulu
pengantin prianya dipasrahkan melalui sebuah pidato singkat dan
kemudian dilanjutkan pidato penerimaan. Rangkaian acara ini disebut Srah
Tinampen Temanten Kakung. Lebih afdol lagi jika dilaksanakannya sebelum
IJAB jika antara ijab dengan panggih itu menjadi acara yang berurutan.
Tetapi hal demikian sulit bagi orang awam karena jadwal waktu penghulu
dengan tamu yang hadir biasanya tidak sinkron. Di daerah saya Srah
Tinampen Temanten Kakung saat akan panggih ini tidak lazim, tetapi
sepertinya telah menjadi tatacara standar di daerah lain maupun dalam
pengajaran ke-panatacara-an. Berikut ini adalah contohnya.
PASRAH
Assalamu'alaikum wr.wb.
Nuwun,
para pinisepuh, para sesepuh saha para aji sepuh ingkang dhahat
kinurmatan, miwah sanggyaning para tamu para pilenggah ingkang minulyeng
budi. Keparenga langkung rumiyin kula ngonjukaken puji syukur sahandhap
pepadaning Gusti Ingkang Maha Agung, dene sampun paring kekiyatan saha
kawilujengan dhumateng kula sakadang, saengga saged lumarab sowan wonten
ngarsa panjenengan sedaya kanthi manggih wilujeng widada nir ing
sambekala. Ingkang saking menika, kula ikroraken kanthi maos kalimah
tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin'.
Panjenenganipun
Bp ............................... ingkang jumeneng sulih sarira
panjenenganipun Bp/Ibu ................................ ingkang tuhu
kinurmatan. Kula pun ..................................... ingkang
tinanggenah minangka talanging atur panjenenganipun Bp/Ibu
................................... nuwun inggih tiyang sepuhipun putra
calon temanten kakung inggih Mas Bagus
.................................... ingkang pidalem ing
......................................, keparenga matur wonten ngarsa
panjenengan,
Ingkang sepisan, ngaturaken salam
taklimipun Bp/Ibu ...................................... gotrah
kulawarga, mugi kaaturna panjenenganipun Bp/Ibu
................................... dalasan kulawarga, kula ikroraken
kanthi atur “assalamu'alaikum wr.wb.”
Kaping
kalihipun, mirid rantamaning adicara ingkang sampun gumathok lan
gumolong gilig ing antawisipun para ingkang samya mangun bebesanan, kula
kinen amasrahaken putra calon pinanganten kakung nuwun inggih pun Mas
Bagus .................................... ingkang sampun golong gilig
ing gegelengan sumedya dhaup mangun bebrayan kaliyan ingkang putra putri
Bp/Ibu ..................................... nuwun inggih pun Rara
................................... Ingkang menika sumangga nuwun, putra
calon temanten kakung kula pasrahaken sakwetahipun, sumangga kaijabaken/kadhaupaken
anut satataning tatacara ingkang lumampah ing ngriki, kinanthenan
puja-puji pudyastuti, mugi tansah kalis ing rubeda, nir ing sambekala.
Minangka
titining atur, kula sarombongan ingkang tinanggenah minangka dhuta,
mbok bilih anggenipun sowan lan matur tanpa subasita lan tilar ing tata
akrami, langkung-langkung atur kula ingkang cicir, cewet, cupet, lan
kalucut, keparenga hangrentahaken samodraning pangaksami.
Akhirulkalam, Billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.
TAMPI
Assalamu'alaikum wr.wb.
Nuwun,
panjenenganipun para sesepuh, para pinisepuh miwah sanggyaning para
rawuh para lenggah ingkang dhahat sinudarsana. Langkung-langkung
panjenenganipun Bp .......................................... ingkang
kepareng hamakili panjenenganipun Bp/Ibu
................................ saking
.......................................... ingkang tuhu kinurmatan.
Kanthi
ngonjukaken puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, kula pun
....................................... ingkang tinanggenah minangka
sulih salira panjenenganipun Bp/Ibu
........................................ keparenga tumanggap atur
menggah paring pangandikan pasrah calon temanten kakung kalawau.
Ingkang
sepisan, kula minangkani Bp/Ibu ....................................
sakulawarga ngaturaken pambagya sugeng ing sarawuh panjenengan ingkang
dinuta minangka Dhuta Saraya Pasrah nuwun inggih Bp
................................... sapendherek, sinartan raos syukur
ing ngarsaning Gusti, awit dene sampun ngeparengaken kula lan
panjenengan pepanggihan kanthi bagas kuwarasan.
Kaping
kalihipun, menggah salam taklim Bp/Ibu
...................................... lumantar panjenengan sampun
katampi, kanthi dhawah sami-sami, kula ikroraken kanthi atur “'alaika
wa'alaikum salam wr.wb.”
Wondene menggah keplasing
sedya panjenengan amasrahaken putra calon temanten kakung nuwun inggih
Mas Bagus ................................. , Bp/Ibu
........................................... sakulawarga nampi kanthi
suka gumbiraning manah, dene mbokbilih samudayanipun sampun satata
samapta, calon temanten kekalih tumunten badhe kaijabaken / kadhaupaken
anut satataning rad pradatan ingkang lumampah.
Mawantu-wantu
panyuwunipun Bp/Ibu .......................................... gotrah
kulawarga, mugi panjenengan sarombongan keparenga andumugekaken
anggenipun lelenggahan ngantos paripurnaning adicara menika, saha
kasuwun keparenga paring berkah donga pangestu dhumateng ijab / dhaupipun putra temanten kekalih, sumrambah ing samudayanipun.
Ing
wasana, mbokbilih anggen kula matur, anggen kula nampi, mboten
andadosaken sarjuning penggalih, keparenga hangegungaken ing pangaksami.
Akhirulkalam, Billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.
sampaikanlah walau satu ayat....!!!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar